Kamis, 06 Januari 2011

Pengalamanku

Dina kuwi aku arep neng njahitke sepatuku sing arep meh jebol. Niat ku le njahitke sepatu mau mung neng cedhak omahku, dadi aku ora nganggo helm. Nanging amergo tukang sepatune tutup aku lungo menyang Brosot. Aku sadar yen ora nganggo helm, trus aku ora sido lewat dalan gede, aku mlipir lewat jeron desa kang sapinggire sawah. E…Tukang sepatu ne yo tutup. Banjur aku mulih lewat dalan sing podo mau. Aku bingung….aku dicegat polisi. Aku ditakoni surat-surat trus dikon ngetutke tekan pos polisi. Aku di tilang amargo aku ora nggowo helm. Bathinku ndongkol banget, lagi pisan iki aku ditilang neng jeron desa kang dalane isih watu kabeh lan cedhak sawah meneh, apa ra kurang gawean banget polisine kuwi. Trus aku dikandhani kon nggowo helm nengdi wae. Pesen ku nggo kabeh wae sesuk yen kowe-kowe lungo seko ngomah, senajan mung neng ngarepan nggone tanggomu, nganggowo helm. Amargo polisi jaman saiki ora bisa di nyana-nyana, mengko kowe bisa di’cegat’. Eh,, apa iki seng jenenge Polisi masuk desa,,,, he,,he,,.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar